Thursday, October 9, 2014

DOA WALIMATUL HAJI




بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ, حَمْدَ النَّاعِمِيْنَ, حَمْدَ الشَّاكِرِيْنَ, حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِىءُ مَزِيْدَهُ, يَارَبَّناَ لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلاَلِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. اَلّلَهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى رَسُوْلِكَ وَنَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ الطَّيِّبِيْنَ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.
Yaa Allah, kula nyuwun pangreksa dhumateng Panjenengan saking pangridunipun syétan ingkang dipunranjam.
Kanthi nyebut asmanipun Allah ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Sadaya pangalembana punika kagunganipun Allah ingkang mangérani sadaya alam.
Yaa Allah, ingkang Maha Welas lan Maha Asih, mugi kersa paduka paring welas lan asih dhumateng kula lan sadaya ingkang sami rawuh wonten ing Walimatul Hajji punika.
Yaa Allah, ingkang Maha Wicaksana, mugi kersa paduka paring pangapunten dhumateng kula lan Bapak Drs. Mukhlis lan garwa. Mugi kersa Paduka kepareng nambahi sangu taqwa dhumateng Bapak Drs. Mukhlis lan garwanipun ugi dhumateng tiyang sepuh kalihipun Bapa lan Ibunipun ingkang insya Allah badhé tindak hajji  benjang dinten Kamis Kliwon surya kaping 28 Dzulqa’dah 1434H/03 Oktober 2013. Mugi kersa Paduka gampilaken sadaya kesaénan dhumateng Bapak Mukhlis lan garwanipun saha Bapa lan Ibunipun wonten ing papan pundi kemawon lan wekdal punapa kemawon.
Yaa Allah, ingkang Maha Kuwaos, kula nyuwun titip dhumateng Panjenengan Dzat ingkang boten badhé ical titipan-Ipun,  sawatawis Bapak Drs. Mukhlis bidhal hajji sadaya anak lan putra asuh panjenenganipun, saha sadaya amanah ingkang Panjenengan paringaken dhumateng panjenenganipun ingkang dipuntilar, kula pasrahaken dhumateng Panjenengan. Lan badhé dipunsuwun malih bénjang manawi panjenenganipun sampun wangsul saking ngibadah hajji.
Yaa Allah, mugi kersa Paduka maringi dhumateng Bapak Drs. Mukhlis lan kaluwarganipun bagas kasarasan, lan kawilujengan wiwit bidhal ngantos bénjang wangsul saking tanah suci Makkah Al-Mukaramah lan Madinah Al-Munawarah. Mugi ngibadah hajjinipun kalebet éwonipun tiyang ingkang hajjinipun Mabrur. Lan saget njagi kemabruranipun ngantos benjang sowan dhumateng ngarsa Panjenengan.
Yaa Allah, mugi kersa Panjenengan paring kalegan lan kepuasan dhumateng sadaya rezki ingkang panjenengan paringaken dhumateng kula, lan paring berkah sadaya peparing Panjenengan. Mugi kersa paduka paring lintu sadaya peparing Panjenengan ingkang ical kanti lintu kesaénan.
Ya Allah, keparenga kula nyuwun tambahing rahmat lan fadhilah Panjenengan, jalaran boten wonten ingkang kagungan rahmat lan fadlilah, kajawi namung Panjenengan piyambak.
Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi sampun Panjenengan dadosaken manah kula sedaya punika condhong dhumateng tumindak ingkang sasar, sasampunipun Panjenengan paring pitedah  dhumateng kula sadaya, lan mugi Panjenengan paringaken dhumateng kula sadaya rahmat saking ngarsa Panjenengan, keranten sejatosipun inggih namung Panjenengan piyambak ingkang Agung peparingipun rahmat.
Yaa Allah Pangeran kula, mugi kersa Panjenengan  paring kesahénan dhateng kula wonten ing donya, lan ugi kesahénan benjang wonten ing akhirat, lan mugi panjenengan reksa dhateng kula saking siksa Neraka.
اَلَّلهُمَّ زَوَّدَكَ التَّقْوَى, وَغَفَرَ ذَنْبَكَ, وَيَسَّرَ لَكَ الْخَيْرَ حَيْثُ مَا كُنْتَ.
أَسْتَوْدِعُكُمُ اللهَ الَّذِيْ لاَ تَضِيْعُ وَدَائِعُهُ.
أَسْتَوْدِعُ اللهَ دِيْنَكَ وَأَمَانَتَكَ وَخَوَاتِيْمَ عَمَلِكَ.
اَلَّلهُمَّ  اجْعَلْهُ حَجًّا مَبْرُوْرًا وَسَعْيًا مَشْكُوْرًا وَذَنْبًا مَغْفُوْرًا وَعَمَلاً صَلِحًا مَقْبًوْلاً وَتِجَارَةً لَنْ تَبُوْرَ. يَا عَلِمَ مَا فِيْ الصُّدُوْرِ أَخْرِجْنَا مِنَ الظُلُمَاتِ إِلَى النُّوْرِ.
اَلَّلهُمَّ قَنِّعْنِيْ بِمَا رَزَقْتَنِيْ, وَبَارِكْ لِيْ فِيْهِ, وَخْلُفْ عَلَيَّ كُلَّ غَائِبَةٍ لِيْ بِخَيْرٍ.
الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتَ.
رَبَّنَا لاَتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.
سُبْحَنَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّ يَصَفُوْنَ, وَسَلَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ, وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
-=(hms, 200913, 09.41)=-





No comments:

Post a Comment