Thursday, October 9, 2014

Khutbah Jum'at : AMRIH DONGA KITA DIPUNKABULAKEN ALLAH SWT.

AMRIH DONGA KITA DIPUNKABULAKEN ALLAH SWT.


-=[29]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ, مَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ رَشَدَ, وَمَنْ يَعْصِمُهَا فَقَدْ غَوَى. وَنَسْأَلُ اللهَ رَبَّنَا أَنْ يَجْعَلَنَا مِمَّنْ يُطِيْعُهُ وَيُطِيْعُ رَسُوْلَهُ, ويَتَّبِعُ رِضْوَانَهُ وَيَجْتَنِبُ سَخَطَهُ فَإِنَّمَا نَحْنُ بِهِ وَلَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sedaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken Allah Swt.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Nabi Muhammad saw., para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut mituhu dhumateng Panjenenganipun. Amin yra.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Saben-saben kita ndonga dhumateng ngarsanipun Allah Swt. sasampunipun kita nindakaken shalat fardlu, shalat sunah, utawi wonten ing saben-saben wekdal, lajeng satunggaling wekdal temtu kita asring taken wonten ing  salebeting manah dhumateng awak kita piyambak. Punapa donga kita dipunkabulaken Allah Swt.?  Awit kita rumaos saha boten supe saben-saben dinten kita do’a dhumateng ngarsanipun Allah Swt. Jalaran donga pancen dipundhawuhaken Allah Swt.. Makaten dhawuhipun:


“Lan Pangeran ira paring dhawuh: “Nyuwuna sira marang Ingsun, temtu Ingsun bakal maringi. Satemene wong-wong kang padha angkuh saking manembah marang Ingsun bakal mlebu neraka Jahannam kanthi kahanan kang banget inane.” (QS. Al-Mukmin [40]:60).
Wonten ing ayat sanes Allah Swt. paring dhawuh lan paring janji:


“Lamun kawula-kawula Ingsun padha takon marang sira (Muhammad) babagan Ingsun, mangka (dhawuha), yen satuhune Ingsun iku parek. Ingsun nyembadani penyuwune wong kang ndonga yen dheweke ndonga marang Ingsun, saka iku, dheweke supaya nyembadani (sekabehe dhawuh)-Ingsun lan dheweke supaya padha iman marang Ingsun, supaya padha oleh pituduh.” (QS. Al-Baqarah [2]:186).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Wonten ing ayat kasebat Allah Swt. paring dhawuh lan paring jaminan bilih donga punika badhe dipunkabulaken Allah Swt. kanthi syarat; 1. Kita kedah nindakaken dhawuh-dhawuh-Ipun Allah Swt., 2. Kedah iman ingkang leres dhumateng Allah Swt., tegesipun boten iman dhumateng sanes-Ipun. Manawi kalih perkawis punika saged kita tindakaken, Allah Swt. jamin donga ingkang kita aturaken badhe dipunkabulaken.
Sampun cetha lan gamblang bilih donga punika dados kewajibanipun manungsa, lan kita badhe dipunkabulaken Allah Swt. manawi kita nindakaken dhawuhipun Allah Swt. lan kanthi iman ingkang leres. Nanging kathah tiyang ingkang ndonga namung kemawon anggenipun ndonga punika boten kanthi syarat-syarat kasebat. Pramila inggih donganipun boten dipunkabulaken Allah Swt.
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Kajawi syarat-syarat donga kasebat, Allah Swt. ugi paring dhawuh ndonga kanthi ngasoraken awak saha kanthi swanten ingkang lirih.
(#qãã÷Š$# öNä3­/u %YæŽ|Øn@ ºpuŠøÿäzur 4 ¼çm¯RÎ) Ÿw =Ïtä šúïÏtF÷èßJø9$# ÇÎÎÈ  
“Padha ndongaha marang Pangeran kanthi ngasorake awak lan swara kang lirih. Satemene Allah kuwi ora seneng marang wong-wong kang padha ngliwati wates.” (QS. Al-A’raf [7]:55).
Donga kanthi keyakinan badhe dipunkabulaken Allah Swt.. Rasulullah saw. ngendika:
اُدْعُوْا اللهَ  وَاَنْتُمْ مُقِنُوْنَ بِاْلإِجَابَةِ, ... .
“Padha ndongaha marang Allah lan sira yakin bakal dikabulake, ... .” (HR. Tirmidzi).
Ndonga kanthi sabar, boten kesesa enggal dipunkabulaken, lan dipuntindakaken kanthi saestu. Rasulullah saw. ngendika:
يُسْتَجَابُ لِأَحَدِكُمْ مَا لَمْ يَعْجَلْ, ... .
“Donga salah suwijining sira kabeh bakal dikabulake, selagine ora kesusu, ... .” (HR. Bukhari lan Muslim).
إِذَا دَعَا أَحَدُكُمْ فَلْيَعْزِمِ الْمَسْأَلَةَ, ... .
“Lamun salah suwijine sira kabeh ndonga, mula ndongaha kanthi temenan, ... .” (HR. Bukhari lan Muslim).
Gegayutan kaliyan wekdal ingkang pas manawi kita ndonga, Rasulullah saw. paring dhawuh:
أَيُّ الدُّعَاءِ أَسْمَعُ؟ قَالَ: جَوْفَ الَّيْلِ اْلآخِرِ وَدُبُوْرَ الصَّلَوَاتِ الْمَكْتُوبَاتِ
 “Donga apa kang luwih dimidhangetake dening Allah Swt.?. ” Rasulullah saw. ngendika: “Yaiku (donga kang diaturake) ana ing wektu tengah wengi (khususe sawuse shalat wengi), lan sawuse shalat fardlu (shalat limang wektu).”
Ma’asiral Muslimin rahimakumullah.
Donga, kajawi kanthi cara-cara kasebat ing nginggil kalebet perkawis ingkang baku ugi inggih punika kita ndonga  kedah dipun-sarengi kanthi ikhtiyar. Donga kemawon boten dipun-sarengi kanthi ikhtiyar temtu inggih boten kasembadan. Kanthi donga mesthinipun kita sangsaya tambah semangat, lan boten nglokro saha pupus ing manah.
Kita kedah yakin bilih Allah Ingkang Maha Welas lan Maha Asih temtu badhe ngabulaken panyuwunipun kawula, sanajan boten ing wekdal punika dipunkabulaken. Donga lan ikhtiyar ugi mujudaken ibadah ingkang insya Allah badhe pikantuk piwales ganjaran minangka celengan amal akherat.
Ma’asiral Muslimin rahimakumullah.
Awit saking punika sumangga kita sampun nilaraken donga nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Allah Swt. Ndonga kanthi lelambaran iman dhumateng Allah Swt. saha kanthi ikhtiyar ingkang leres. Ndonga kados ingkang dipun-ajaraken Allah Swt. lan Rasulullah saw.. Donga ingkang medal saking manah kita piyambak lan donga kanthi basa kita piyambak. Ndonga kanthi sabar lan pados wekdal ingkang mustajab. Mugi-mugi Allah Swt. tansah maringi pitedah lan pitulungan dhumateng kita sedaya. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

-=(hms)=-





2 comments: