Thursday, October 9, 2014

BANDHA MINANGKA TITIPAN

BANDHA MINANGKA TITIPAN




-=[15]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sakderengipun khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan sami nambahi syukur kita dhumateng sadaya peparingipun Allah Swt.,  lan ndedonga mugi kita sadaya kalebet ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmat-Ipun.
Saklajengipun, sumangga kula dherekaken nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang woten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad saw., para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang tansah mituhu   dhawuhipun. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
HadirinJama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Estunipun Allah Swt. sampun nitahaken kaindahan tumrapipun manungsa remen dhumateng bandha. Tegesipun punapa ingkang dipuntitahaken ing lumahing bumi punika namung kangge kaperluwanipun manungsa, pramila fitrahipun manungsa punika sacara pribadi pancen remen badhe nguwaosi bandha, lan kepengin numpuk-numpuk bandha, kangge nyekapi kabetahanipun piyambak, ugi malah kepengin nyimpen bandha sampun ngantos telas kangge putra wayahipun.
Allah Swt. dhawuh:
z`Îiƒã Ĩ$¨Z=Ï9 =ãm ÏNºuqyg¤±9$# šÆÏB Ïä!$|¡ÏiY9$# tûüÏZt6ø9$#ur ÎŽÏÜ»oYs)ø9$#ur ÍotsÜZs)ßJø9$# šÆÏB É=yd©%!$# ÏpžÒÏÿø9$#ur È@øyø9$#ur ÏptB§q|¡ßJø9$# ÉO»yè÷RF{$#ur Ï^öysø9$#ur 3 šÏ9ºsŒ ßì»tFtB Ío4quysø9$# $u÷R9$# ( ª!$#ur ¼çnyYÏã ÚÆó¡ãm É>$t«yJø9$# ÇÊÍÈ  
“Manungsa iku tansah pinahesan dening (rasa) seneng marang pirang-pirang kasenengan; hiya iku, wanita-wanita, anak, bandha donya kang akeh, kang saka jinise emas, perak, jaran pinilih, raja kaya, lan sawah pategalan. Hiya kang kaya mangkono iku (wujude) kasenengan urip ana donya. Lan ing ngersane Allah papan panggonan bali kang bagus (suwarga).” (QS. Ali Imran [3]:14).
Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Bandha punika minangka TITIPAN, makaten ngendikanipun para sesepuh kala rumiyin, lan pancen makaten miturut konsep Islam. Allah Swt. minangka ingkang kagungan sedaya punapa kemawon, lajeng para manungsa dipunparingi amanah supados mblanjakaken wonten ing margi ingkang leres. Tiyang badhe gesang begja mulya donya lan akhirat tebih saking siksanipun neraka, manawi tiyang iman dhumateng Allah lan Rasulipun saha kersa jihad fii sabilillah kanthi jiwa, raga, lan bandha ingkang dipuntitipaken Allah Swt.. Bandha titipan badhe dados ujian, malah kapara dados derdah manawi kelintu anggenipun nanjakaken.
Allah Swt. dhawuh:


“(hiya iku) sira kabeh ngimanake marang Allah lan Rasul-E lan perang ana ing dedalane Allah kelawan bandha lan awakira kabeh. Kang kaya mengkono iku kang luwih bagus tumrap sira kabeh kalamun sira kabeh padha ngerti.” (QS. Ash-Shaff [61]:10).
Wonten ing ayat sanes Allah Swt. ugi dhawuh:


“ Lan ngertenana, yen bandhanira lan anak-anakira kuwi hamung minangka pacoban lan satemene ing ngersane Allah ana ganjaran kang gedhe.” (QS. Al-Anfaal [8]:28).
Ayat kasebat ugi nedahaken miturut konsep Islam, bilih bandha punika satunggaling donya brana ingkang dipundarbeki sadaya tiyang Islam, nggadhahi manfaat kangge tiyang Islam punika piyambak, lan ugi manfaatipun kangge ummat.
Allah Swt. dhawuh:


“Mangkata sira kabeh! Padha uga lagi krasa entheng utawa abot lan padha jihada kanthi bandha lan jiwa raganira kabeh ana ing dalane Gusti Allah. Kang kaya mengkono iku luwih bagus tumrap sira kabeh, kalamun sira kabeh padha mangerti.” (QS. At-Taubah [9]:41).
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Kita kedah yakin, bilih bandha punika minangka rizki titipan Allah Swt., lan boten jalaran lantaran kita pinter saha jalaran pangkat utawi jabatan kita inggil. Bandha  kedah kita blanjakaken miturut syari’atipun Allah Swt.. Boten wonten satunggal makhlukipun Allah Swt. ingkang dipunsletrakaken boten dipunparingi rizki dening Penjenengan-Ipun. Bandha kedah kita blanjakaken miturut tata cara syari’at Islam ingkang sampun gumathok.
Allah Swt. dhawuh:


“Lan ora ana satokewan kang gumremet ana ing lumahing bumi kajaba Gusti Allah kang nanggung rejekine. Lan Panjenengane (Gusti Allah) pirsa marang panggonan netepe kewan iku lan disimpene. Sakabehane katulis ana ing Kitab kang nyata (Lauh Makhfudz).” (QS. Huud [11]:6).
Ing ayat sanes Allah Swt. dhawuh:


“He wong-wong kang padha iman, padha nyedhekahna sira kabeh (ing dalan Allah) saperangan saka asil nyambut gawenira kabeh kang bagus-bagus, lan saperangan saka apa kang Ingsun wetokake saka bumi kanggo sira kabeh. Lan aja nganti sira kabeh milih kang ala-ala, tumuli saka kang ala-ala iku sira sedhekahake, kamangka sira kabeh dhewe ora padha gelem njupuk (kang ala-ala mau) kajaba padha ngeremake mripat. Lan padha mangertiya, yen Allah iku Maha Sugih tur Maha Pinuji.” (QS. Al-Baqarah [2]:267).
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Sampun cetha, bilih bandha punika pancen minangka titipanipun Allah Swt., lan minangka amanah ingkang kedah kita rumat lan kita blanjakaken miturut syari’at agami Islam ingkang sampun gumathok.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

-=(hms)=-



No comments:

Post a Comment