Thursday, October 9, 2014

CARA MILIH KANCA

CARA MILIH KANCA



-=[24]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ, مَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ رَشَدَى, وَمَنْ يَعْصِمُهَا فَقَدْ غَوَى. وَنَسْأَلُ اللهَ رَبَّنَا أَنْ يَجْعَلَنَا مِمَّنْ يُطِيْعُهُ وَيُطِيْعُ رَسُوْلَهُ, ويَتَّبِعُ رِضْوَانَهُ وَيَجْتَنِبُ سَخَطَهُ فَإِنَّمَا نَحْنُ بِهِ وَلَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng inten kemawon tiyang ingkang dipunkersakaken.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Rasulullah Muhammad saw., ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin yra.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Islam minangka agami ingkang sampurna ngatur kados pundi adab-adab saha watesanipun bebrayan wonten ing masyarakat. Bebrayan wonten ing masyarkat sanget ndayani panggesangan satunggaling tiyang. Daya pangribawa awon badhe tumama dhumateng tiyang jalaran bebrayan kaliyan tiyang ingkang nggadhahi watak awon. Kosok wangsulipun badhe pikantuk manfaat ingkang ageng bebrayan kaliyan kanca ingkang nggadhahi bebuden ingkang luhur.
Gegayutan dayapangribawa bebrayan punika Rasulullah saw. paring dhawuh:
قَالَ رَسُولُ اللهِ ص-م: مَثَلُ الْجَلِيْسِ الصَّالِحِ وَالسُّوْءِ كَحَامِلِ الْمِسْكِ وَنَافِخِ الْكِيْرِ, فَحَامِلُ الْمِسْكِ إِمَّا أَنْ يُحْذِيَكَ, وَإِمَّا أَنْ تَبْتَاعَ مِنْهُ, وَإِمَّا أَنْ تَجِدَ مِنْهُ رِيْحًا طَيِّبَةً, وَنَافِخُ الْكِيْرِ إِمَّا أَنْ يُحْرِقَ ثِيَابَكَ, وَإِمَّا أَنْ تَجِدَ رِيْحًا خَبِيْثَةً. (رواه مسلم وابن حبان).
“Rasulullah saw. dhawuh: “Gambarane kanca kang apik bebudene lan kanca kang ala bebudene iku kaya bakul lenga wangi lan tukang pandhe wesi. Bakul lenga wangi menawa bae menehi lenga wangi, utawa kowe bisa tuku lenga wangi saka dheweke, lamun ta ora bisa, kowe tetep bakal antuk ganda arum saka dheweke. Banjur tukang pandhe wesi, menawa bae pletikan genine bakal nyiprat ngenani marang sandhanganmu , lamun ta ora kowe bakal antuk gandane kang ora enak.” (HR. Muslim lan Ibnu Hibban).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Hadits punika shahih adedhasar wewatonipun Bukhari lan Muslim, sahingga saged dipun- dadosaken hujjah. Ibnu Hajjar Al-Asqalani ngendikakaken, bilih hadits punika nedahaken awisan bebrayan kaliyan tiyang-tiyang ingkang saged ngrisak agami lan panggesangan ing donya kita. Lajeng miturut Imam An-Nawawi ngendikakaken, bilih hadits punika nedahaken perkawis kautamen bebrayan kaliyan kanca ingkang shalih lan tiyang sae ingkang hanggadhahi akhlaq ingkang mulya, watak wira’i, lan nggadhahi adab trapsila.
Adhedhasar katerangan hadits ing nginggil, pramila saged kita pendhet dudutan (kesimpulan) bilih kita sanget dipunanjuraken supados ingkang selektif manawi milih kanca bebrayan lan maringi dhawuh supados milih kanca ingkang saged ndhatengaken dayapangaribawa ingkang positif lan manfangati tumrapipun agami lan panggesangan ing donya punika.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Wondene cara nemtokaken satunggaling kanca bebrayan kita ingkang sae lan awon, salah satunggaling sarana ukuran ingkang saged dipun-ginakaken inggih punika mirsani dhumateng kanca bebrayanipun tiyang punika. Kados dhawuhipun Rasulullah saw.:
قَالَ رَسُوْلُ الله ص-م: الْمَرْءُ عَلَى دِيْنِ خَلِيْلِهِ فَلْيَنْظُرْ أَحَدُكُمْ مَنْ يُخَالِلُ. (رواه الترمذى).
”Rasulullah saw. ngendika: “Agamane suwijining wong iku kaya agamane kanca cedhake. Prayoga sira ndeleng sapa ta kang dadi kanca cedhake.” (HR. At-Turmudzi).
Kanca ingkang leres-leres badhe ndhatengaken manfa’at panggesangan kita ing donya lan akhirat kedah kita padosi. Kanca kasebat inggih punika kanca ingkang nggadhahi akhlak ingkang mulya. Akhlak mulya punika dados ukuran keimanan satunggaling tiyang. Keimanan satunggaling tiyang saged dipunpirsani saking tabi’at panggesangan saben dintenipun.
Rasulullah saw. dhawuh:
قَال رَسُوْلُ اللهِ ص-م: أَكْمَالُ الْمُؤْمِنِيْنَ إِيْمَانًا أَحْسَنُهُمْ خُلُقًا. (رواه أحمد).
“Rasulullah saw. dhawuh: “Tiyang mukmin ingkang paling sampurna imanipun inggih punika tiyang mukmin ingkang paling sae akhlakipun ing antawis piyambakipun.” (HR. Imam Ahmad).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. maringi pitedah gegayutan kaliyan tiyang ingkang getun jalaran salah anggenipun milih kanca bebrayanipun, inggih punika: Al-Qur’an Surat Al-Furqaan [25]: 27, 28, dan 29:
tPöqtƒur Ùyètƒ ãNÏ9$©à9$# 4n?tã Ïm÷ƒytƒ ãAqà)tƒ ÓÍ_tFøn=»tƒ ßNõsƒªB$# yìtB ÉAqߧ9$# WxÎ6y ÇËÐÈ   4ÓtLn=÷ƒuq»tƒ ÓÍ_tFøs9 óOs9 õσªBr& $ºRŸxèù WxŠÎ=yz ÇËÑÈ   ôs)©9 ÓÍ_¯=|Êr& Ç`tã ̍ò2Ïe%!$# y÷èt/ øŒÎ) ÎTuä!$y_ 3 šc%Ÿ2ur ß`»sÜø¤±9$# Ç`»|¡SM~Ï9 Zwräs{ ÇËÒÈ  
[27]. “Lan (elinga) dina (nalika) iku wong dzalim nggeget tangan lorone sinambi ngucap: “Ah. ngertiya aku (biyen) bareng-bareng karo utusane Pengeran golek dalan (marang pituduh).[28]. Ah, cilaka aku ; ngertiya aku (biyen) ora ndadekake si fulan dadi kanca raket (ku). [29] Sejatine dheweke wis nyasarake aku saka Al-Qur’an sawise Al-Qur’an teka marang aku. Lan anane setan iku ora gelem nulung marang manungsa.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Pancen yektos sanget daya pangaribawa kanca punika. Awit saking punika, prayogi kita ngatos-atos anggen kita pados kanca. Kathah tiyang sengsara jalaran salah anggenipun milih kanca bebrayanipun. Lan kathah ugi tiyang ingkang gesang tentrem, begja, lan mulya jalaran nggadhahi kanca ingkang akhlakipun mulya. Kanca ingkang saged maringi pitutur nalika kita supe lan boten sadhar punika kawastanan kanca ingkang sayektosipun. Lan kanca ingkang kados makaten punika kanca ingkang wajib kita padosi.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ ولَكُمْ وَلِسَائِر الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هَوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

-=(hms)=-

No comments:

Post a Comment