Thursday, October 9, 2014

IMAN DHUMATENG QADAR

IMAN DHUMATENG QADAR





-=[12]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ, مَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ رَشَدَى, وَمَنْ يَعْصِمُهَا فَقَدْ غَوَى. وَنَسْأَلُ اللهَ رَبَّنَا أَنْ يَجْعَلَنَا مِمَّنْ يُطِيْعُهُ وَيُطِيْعُ رَسُوْلَهُ, ويَتَّبِعُ رِضْوَانَهُ وَيَجْتَنِبُ سَخَطَهُ فَإِنَّمَا نَحْنُ بِهِ وَلَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken.
Sholawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Rasulullah Muhammad saw., ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah sami manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kita wajib pitados dhumateng Allah Sesembahan kita, ingkang nitahaken sadaya maklhuk, boten wonten makhluk ingkang saged nyameni Panjenenganipun, ingkang nguwaosi sedaya titah, manawi Panjenenganipun ngersakaken satunggalipun perkawis cekap ngendika: ”Wujuda” pramila lajeng wonten ingkang dipunkersakaken, ingkang Maha Mangertosi sedaya obah mosikipun kawula sanajan taksih wonten salebetipun manah, sedaya perkawis punapa kemawon wonten ing astanipun. Allah Swt. dhawuh:
$yJ¯RÎ) $uZä9öqs% >äóÓy´Ï9 !#sŒÎ) çm»tR÷Šur& br& tAqà)¯R ¼çms9 `ä. ãbqä3uŠsù ÇÍÉÈ  
“Sejatine dhawuh Ingsun marang sawijine perkara nalikane Ingsun ngersakake, Ingsun namung dhawuh marang perkara iku “kun (wujuda sira)” mula banjur wujud (perkara iku). (QS. An-Nahl [16]:40).
Allah Swt. dhawuh wonten ing ayat sanes:
3 ¬! ãøBF{$# `ÏB ã@ö6s% .`ÏBur ß÷èt/ 4
“Tumrap Allah wae urusan sadurung lan sawise.” (QS. Ar-Ruum [30]:4).  
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Kita wajib pitados bilih Allah Swt. ingkang nemtokaken perkawis saderengipun nitahaken sadaya kedadosan lan ingkang ngatur sadaya ingkang wonten punika kanthi ilmu, kawicaksanaan, lan kersan-Ipun. Sedaya ingkang dipuntindakaken manungsa punika sadaya minangka Qadla’ lan Qadar-Ipun. Kita manungsa sagedipun namung ikhtiyar. Pramila sadaya katemtuan wonten astanipun Allah Swt., lan ikhtiyar budi-daya punika bagiyanipun manungsa. Kita namung saged ngolah ingkang Allah paringaken. Allah Swt. dhawuh:
!$tB z>$|¹r& `ÏB 7pt6ŠÅÁB Îû ÇÚöF{$# Ÿwur þÎû öNä3Å¡àÿRr& žwÎ) Îû 5=»tGÅ2 `ÏiB È@ö6s% br& !$ydr&uŽö9¯R 4 ¨bÎ) šÏ9ºsŒ n?tã «!$# ׎Å¡o ÇËËÈ  
“Ora ana babar pisan suwijining bilahi kang tumiba ing bumi lan (uga ora) marang sira dhewe kajaba wis katulis ing jroning kitab (Lauhil Makhfudz) sadurunge Ingsun gawe. Satemene kang kaya mengkono iku gampang banget kanggone Allah.” (QS. Al-Hadid [57]:22).
Qadar punika salah satunggalipun rukun iman ingkang kedah dipunpitadosi, wonten Qadar sae lan qadar awon. Tiyang boten badhe ngraosaken iman saderengipun ngakeni wontenipun qadar. Punapa ingkang sampun dipuntakdiraken Allah mesthi boten badhe mleset. Qadaripun manungsa punika sampun kaserat ngantos benjang dinten kiamat. Rasulullah saw. dhawuh:
إِنَّ أَوَّلَ مَا خَلَقَ اللهُ تَعَلَّى الْقَلَمُ, فَقَالَ لَهُ: (اُكْتُبْ) فَجَرَى فِيْ تِلْكَ السَّاعَةِ بِمَا هُوَ كَائِنٌ إِلَى الْيَوْمِ الْقِيَامَةِ. (رواه أحمد).
“Satemene, kawitane kang den ciptakake Allah Ta’ala yaiku qalam (pena), banjur Allah ngendika marang dheweke: “Tulisen”. Mula dentulis ana ing wektu iku  kang kadadeyan apa wae nganti tumeka dina kiyamat.” (HR. Ahmad).
Tiyang boten badhe kalebet umatipun Rasulullah saw. manawi boten iman dhumateng qadaripun Allah Swt. Kados dhawuhipun Rasulullah saw.:
مَنْ مَاتَ عَلَى غَيْرِ هَذَا فَلَيْسَ مِنِيْ. (رواه أبوا داود والترمذى وإبن ماجه)
“Sapa wonge kang mati ora nggawa keyakinan iki, mula dheweke ora kalebu golongane umatku.” (HR. Abu Dawud, At-Tirmidzi, lan Ibnu Majah).
Tiyang badhe dipunsiksa wonten ing neraka manawi boten iman dhumateng qadaripun Allah Swt. Kados dhawuh pangandikanipun Rasulullah saw.:
فَمَنْ لَمْ يُؤْمِنُ بِالْقَدَرِ خَيْرِهِ وَشَرِّهِ أَحْرَقَهُ اللهُ بِالنَّارِ. (رواه إبن واهب).
“Mula sapa wonge kang ora iman marang qadar apik lan ala, Allah mesthi bakal mbakar kanthi geni neraka.” (HR. Ibnu Wahb).
Tiyang boten badhe katampi amalipun manawi boten iman dhumateng qadaripun Allah Swt. Kados dhawuhipun Rasulullah saw. :
لَوْ أَنْفَقْتَ مِثْلَ أُحُدٍ ذَهَبًا مَا قَبِلَهُ اللهُ مِنْكَ حَتَّى تُؤْمِنَ بِالْقَدَرِ وَتَعْلَمَ أَنَّ مَا أَصَابَكَ لَمْ يَكُنْ لِيُخْطِئَكَ, وَمَا أَخْطَأَكَ لَمْ يَكُنْ لِيُصِيْبَكَ, وَلَوْ مُتَّ عَلَى غَيْرِ هَذَا لَكُنْتَ مِنْ أَهْلِ النَّارِ.  
“Saumpama kowe nginfakake emas gedhene sagunung Uhud, Allah ora bakal nampa anggonmu infak sadurunge sira iman marang qadar, lan kowe ngyakini manawa apa wae kang wis ditakdirake marang awakmu mesthi ora bakal mleset lan apa wae kang wis ditakdirake ora ngenani marang awakmu mesthi ora bakal ngenani marang awakmu. Lamun kowe mati ora ngyakini iki mesthi kowe bakal dadi pedunung Neraka.” (HR. Ahmad, Abu dawud, lan Ibnu Majah).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Kita kedah yakin dhumateng qadaripun Allah Swt.. Makhluk ingkang dipuntitahaken dening Allah Swt. ingkang kawitan piyambak inggih punika Qalam (pena). Kanthi dhawuhipun Allah Swt. qalam nyerat sadaya takdir ing wekdal punika ngantos benjang dinten kiyamat. Sedaya ingkang dumados wonten ing ngalam donya punika sampun katulis wonten ing Lauhil Makhfudz. Sintena tiyang ingkang ngamal boten badhe dipuntampi Allah Swt. manawi boten iman dhumateng qadaripun Allah Swt., lan ngamalipun badhe muspra. Kita manungsa wontenipun namung ikhtiyar, wondene hasil akhiripun Allah Swt. piyambak ingkang langkung priksa.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

-=(hms)=-


No comments:

Post a Comment