Thursday, October 9, 2014

ISLAM AGAMI FITRI

ISLAM AGAMI FITRI



-=[26]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng ngarsanipun Allah Swt.. Ing pangajab mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing ngalam donya punika ngantos benjang wonten ing ngalam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, tabi’in, tabi’it tabi’in,  lan sadaya tiyang ingkang tansah mituhu ndherek dhawuhipun. Amin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Boten wonten satunggal kemawon syar’iat Islam ingkang boten nyocoki kaliyan fitrahipun manungsa. Manawi wonten ingkang boten cocok lan cengkah kaliyan fitrahipun manungsa punika boten jalaran kirang cocokipun syar’iat, nanging jalaran dayapangaribawa kaliyan nafsunipun manungsa piyambak ingkang badhe ndhatengaken risaking tatanan panggesanganipun.
Saged kita tingali bilih karisakan ing masyarakat punika jalaran pakertinipun tiyang ingkang boten nindakaken tuntunan Islam lumantar Kitab Suci Al-Qur’an kanthi saestu. Kerisakan punika saged kita pirsani wonten sadhengah papan, sae ing negari kita piyambak ugi wonten negari manca, negari ingkang sampun majeng, lan negari ingkang nembe mbangun.
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Allah Swt. dhawuh:


“Lan Ingsun turunake marang sira Al-kitab (Al-Qur’an) kanggo mratelakake samubarang apa wae lan pituduh sarta rahmat lan kabar bebungah tumrap wong-wong kang padha pasrah.” (QS. An-Nahl [16]:89).
Ketingalipun badhe aneh, manawi wonten tiyang Islam ingkang taksih boten kersa nampi syari’at Islam kanthi wetah. Kamangka Allah Swt. njanji lumantar kitab suci Al-Qur’an dhumateng tiyang Mukmin badhe pikantuk pencerahan panggesanganipun, lan badhe tambah kiyat sesambetanipun antawisipun Allah Swt. kaliyan pitedahipun. Manawi tiyang tetep boten purun ngginakaken pitedahipun Al-Qur’an, ateges tiyang kasebat ngangge tuntunanipun Thaghut utawi syetan. Pramila piyambakipun badhe nemahi gesang kanthi sasar-susur, lan boten cetha dunungipun.
Allah Swt. kanthi cetha maringi risalah pencerahan dhumateng sadaya manungsa lumantar Panutan kita Rasulullah Muhammad saw. pamrihipun supados dados rahmat tumrap  sadaya ngalam. Kados dhawuhipun Allah Swt.:
!$tBur š»oYù=yör& žwÎ) ZptHôqy šúüÏJn=»yèù=Ïj9 ÇÊÉÐÈ  
“Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad) kajaba dadi rahmat tumrap sakabehe wong ngalam kabeh.” (QS. Al-Anbiyaa’ [21]:107.
Dhawuhipun Allah Swt. wonten ayat sanes:
$pkšr'¯»tƒ ÓÉ<¨Z9$# !$¯RÎ) y7»oYù=yör& #YÎg»x© #ZŽÅe³t6ãBur #\ƒÉtRur ÇÍÎÈ  
“He Nabi, sejatine Ingsun ngutus sliramu iku dadi seksi lan kang nggawa kabar bebungah lan kang medeni.” (QS. Al-Ahzab [33]:45).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Kanikmatan punika saged kita raosaken manawi anggen kita ngugemi tuntunan Al-Qur’an kanthi wetah, lan boten boten dipunpilih-pilih, saha boten kita campur adhuk kaliyan tuntunan sanesipun. Sadaya perkawis kita atur kanthi tuntunan Al-Qur’an, kados ta perkawis aqidah, mu’amalah, lan ijtima’iyyah. Kanthi makaten insya Allah kita badhe manggihi karaharjan gesang ing donya lan ing akhirat, jalaran pancen Islam punika sadaya syari’atipun cocok kaliyan fitrahipun manungsa. Allah Swt. dhawuh: 


“He wong-wong kang padha iman, padha mlebuwa Islam kanthi wutuh, lan sira aja padha manut langkah-langkahe setan. Setuhune setan iku musuh kang wis terang tumrap ira kabeh.” (QS. Al-Baqarah [2]:208).
Makaten khutbah ingkang saged kula aturaken wonten ing siang punika, mugi-mugi saged nambahi iman lan takwa kita dhumateng Allah Swt.
Amin, amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

-=(hms)=-




No comments:

Post a Comment