Thursday, October 9, 2014

LANSIA TETEP SEHAT

LANSIA TETEP SEHAT



-=[22]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْدِّيْنِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami ajrih dhumateng ngarsanipun Allah Swt. kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar sedaya pepacuhipun. Sumangga kita sami nggadhahi rumaos bilih sedaya solah bawa saha pangandikan kita tansah dipunpirsani dening Allah Swt. Mugi-mugi kanthi punika gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya ngantos benjang wonten ing akhirat.
Salawat saha salam mugi tansah dipunparingaken Allah Swt. dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad saw., saha para kulawarga, para shahabat, saha para pendherekipun ingkang sami manut mituhu ndherek dawuhipun ngantos benjang wonten ing akhirat. Amin yra.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. paring pepemut dhumateng kita:
öNèduróOs9urr& Nä.öÏdJyèçR $¨B ㍞2xtGtƒ ÏmŠÏù `tB t©.xs? ãNä.uä!%y`ur ㍃ɨY9$# ( (#qè%räsù $yJsù tûüÏJÎ=»©à=Ï9 `ÏB AŽÅÁ¯R  
“…Lan apa toh Ingsun wus ora ndawakake umur ira kabeh ing sajrone mangsa kang cukup kanggo mikir tumrap wong kang gelem mikir, lan (apa toh ora) teka marang sira kabeh wong kang aweh pepeling (meden-medeni mring siksa Ingsun)?, mula padha rasakna (siksa Ingsun) lan wus ora ana tumrap wong-wong kang padha dzalim iku wong kang bisa mitulungi.” (QS. Faatir [35]:37).
Wonten ing ayat kasebat boten wonten alasan malih kangge ngundur-undur ngamal ing wekdal punika. Awit saking punika kasuwun enggal-enggal beresi amal-amal ingkang dereng dipunrampungaken. Wonten ing wekdal LANSIA (Lanjut Usia) punika kados umpaminipun ujian semester akhir ingkang kedah dipunsiapaken ingkang saestu.
Wonten satunggaling cerita ingkang trenyuhaken saking Abu Bakrah gegayutan satunggaling tiyang ingkang nyuwun mangertos dhumateng Rasulullah saw.:
أَيُّ النَّاسِ خَيْرٌ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ. قَالَ: فَأَيُ النَّاسِ شَرٌّ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَسَاءَ عَمَلُهُ. (رواه احمد)
“Dhuh Rasulullah, sinten ta ingkang kawastanan tiyang sae punika?”. “Wong kang dawa umure lan becik amal penggaweyane,” Dhawuh wangsulanipun Nabi saw. Salajengipun sinten ta ingkang kawastanan tiyang awon punika?. Yaiku wong kang dawa umure nanging ala panggaweyane”. (HR. Ahmad).
Abu Hurairah ra. sampun nate wasiat, bilih anuju satunggaling wekdal Rasulullah saw. dhawuh:
أَعْذَرَ اللهُ إِلَى امْرِءٍ أَخَّرَ أَجَلُهُ حَتَى بَلَغَ سِتِّنَ سَنَةً. (رواه احمد).
“Allah Swt. paring pangapura marang suwijining wong kang Panjenenganipun dawakake umure nganti umur 60 tahun”. (HR.Ahmad).
Lan wonten ing wekdal sanes, Ibnu Umar ugi ngendika:
إِذَا أَمْسَيْتَ فَلاَ تَنْظِرِ الصَّبَاحَ وَإِذَا أَصْبَحْتَ فَلاَ تَنْظِرِ الْمَسَاءَ وَخُذْ مِنْ صِحَّتِكَ لِمَرَضِكَ وَمِنْ حَيَاتِكَ لِمَوْتِكَ. (رواه أحمد)
 “Lamun dina wis katon wiwit bengi, becik sira aja nganti ngenteni tekane esuk. Lamun wektu esuk wis teka, becik sira aja nganti ngenteni tekane wengi. Manfa’atna kesehatanmu kanggo ngadhepi tekane laramu. Lan manfa’atna wektu uripmu kanggo ngadepi wektu kematianmu.” (HR. Ahmad).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Amrih wekdal Lansia tetep sehat, bagas kuwarasan jasmani lan rohani kita antawisipun kedah:
1)      Muhasabah. Muhasabah tegesipun kita kersa kanthi manah ingkang resik ngetang-etang ngamal kita. Langkung kathah ngetang kekirangan lan kesalahan, jalaran wekdal kangge gesang kantun sekedheping netra. Ngetang-etang kesaenan tiyang sanes ingkang dipun paringaken dhumateng kita, pundi kemawon ingkang dereng kita wales. Utawi kita namung ngaturaken donga kemawon jalaran boten saget malih males amargi kawontenan. Ngenget-enget lan naliti ibadah kita pundi kemawon ingkang sampun kita tindakaken lan pundi kemawon ingkang dereng kita tindakaken. Umpaminipun kangge tiyang ingkang sampun yuswa 40-50 tahun; punapa sampun ajeg nindakaken siyam Senin Kamis, siyam Daud, shalat dhuha, shalat rowatip, shalat tahjud, tadarus Al-Qur’an saben-saben wekdal ing temtu paling boten sepisan saben sedinten sedalunipun. Ngamal jariyah lumantar bandha utawi ilmunipun. Akhlakipun sangsaya mantep.
2)      Taqarub. Ngirangi malah kepara ngedohi perkawis-perkawi ingkang boten manfaat, supados saged langkung caket dhumateng Allah Swt. langkung ngutamakaken perkawis akhirat katimbang perkawis kadonyan. Wekdal Lansia mujudaken wekdal ingkang tentrem ayem kangge nggayuh husnul khatimah. Kepingin dawa umuripun punika saged kemawon nanging kedah emut bilih perkawis pejah punika mesthi badhe dumugi. Umur panjang saged kemawon kita sumun dhumaten Allah swt. manawi kemawon saged damel amal kesaenan, manwi boten saged malah dedawa dosa lan wirang. Awit punika kita kedah waspada lan tansah taqarub dhumateng Allah Swt.
3)      Njagi ketahanan fisik. Amrih ngibadah kita istiqamah, pramila kita kedah njagi badan tetep sehat, bagas, lan waras. Ing antawisipun kita  kedah ngatur anggen kita dhahar lan ngunjuk, olah raga kanthi ajeg. Dhahar dipunatur ingkang sae. Allah Swt. dhawuh:   ”Padha mangana lan ngombeya sira, lan aja nganti leluwihan.” (QS. Al-A’raf [7]:31). Dhahar kanthi rizki ingkang halal lan thoyyib, ingkang wonten gizi lan vitaminipun. Ngirangi zat lemak, goreng-gorengan, lan njagi boboting badan ugi kedah dipunudi. Makaten ugi dhahar buah-buahan lan sayur. Olah raga ingkang jumbuh kaliyan Lansia ingkang saged nyegah serangan jantung lan tulang keropos inggih punika olah raga ingkang boten awrat, umpaminipun: jogging, lan tindak-tindak supados tungkai nyangga beban tubuh. Ugi nglenturaken tulang-tulang ruas belakang, jalaran serangan osteoporosis (keropos tulang) biasanipun nyerang tulang belakang. Nyapu, tindak dhateng sabin utawi peken, tindak jama’ah shalat utawi majelis ta’lim ugi saged merangsang pembentukan tulang.
4)      Tawakal. Mujudaken ikhtiyar ingkang wigatos sasampunipun kita mbudidaya kanthi lahir. Kita dipun-dhawuhi Allah Swt. tawakal lan nyuwun dhumateng ngarsan-Ipun sasampunipun kita ikhtiyar lahir. Allah Swt. dhawuh: “Lan padha tawakala sira kabeh marang (Allah) Kang Maha Prakosa tur Maha Asih.” (QS. Asy-Syu’ara [26]:217). Dhawuhipun Allah Swt. wonten ing ayat sanes: “Lan sapa wonge tawakal marang Allah, mesthi Allah bakal nyukupi (keperluwane) dheweke.” (QS. Ath-Tholaq [65]:3).

Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Ikhtiyar manungsa punika dados kuwajiban, sinambi ngrantos giliran supados tetep lan ajeg anggen kita ngibadah dhumateng ngarsanipun Allah Swt. kanthi sae. Sepuh sehat wal afiyat, pejah kanthi khusnul khotimah. Amin Yaa rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms)=-







No comments:

Post a Comment