Thursday, October 9, 2014

NGAKENI NIKMAT SAKING ALLAH SWT.

NGAKENI NIKMAT SAKING ALLAH SWT.




-=[14]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Shalat Jum’ah Rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang Nguwaosi sadaya alam, Dzat ingkang Maha Jembar Welasipun dhumateng tiyang Mukmin saha ingkang Maha Asih dhumateng sadaya makhluk.
Kula nyekseni bilih boten wonten Pangeran ingkang wajib kula sembah kajawi namung Allah piyambak, lan kula nyekseni bilih Muhammad saw. punika dados nabi lan utusanipun.
Shalawat lan salam mugi-mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, tabi’in, tabi’it tabi’in, lan sadaya tiyang ingkang tansah mituhu dhumateng panjenganipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin Jama’ah Shalat Jum’ah Rahimakumullah,
Allah Swt. dhawuh:
Nä39s?#uäur `ÏiB Èe@à2 $tB çnqßJçGø9r'y 4 bÎ)ur (#rãès? |MyJ÷èÏR «!$# Ÿw !$ydqÝÁøtéB 3 žcÎ) z`»|¡SM}$# ×Pqè=sàs9 Ö$¤ÿŸ2 ÇÌÍÈ  
“Lan Penjenengane wis maringake marang sira kabeh (kabutuhan ira kabeh) saka sakabehe apa kang sira kabeh padha nyuwun. Lan kalamun sira kabeh padha ngetung nikmate Allah, mula sira kabeh ora bakal bisa ngetung. Sejatine manungsa iku banget dzalime lan banget olehe padha ngingkari (nikmate Allah). (QS. Ibrahim [14]:34).
Ayat kasebat Allah Swt. nedahaken kuwajiban nyukuri nikmat paringipun Allah Swt. lan ngakeni bilih nikmat-nikmat ingkang kathah punika asalipun saking Allah Swt. lan boten saking jalaran pinter lan nyambut damel kita. Lan nedahaken bilih manawi satunggalipun tiyang ingkang  ngendika: “Iki kuwi hak kang pantes ingsun tampa, jalaran usahaku.” Punika dipunawisi dening Allah Swt. lan boten cocok kaliyan kasampurnanipun tauhid. Jalaran sadaya nikmat punika namung saking Allah Swt. lan manungsa boten nggadhahi hak, manawi kita syukur dhumateng Panjenenganipun, pramila Allah Swt. badhe nambahi nikmatipun. Allah Swt. dhawuh:
øŒÎ)ur šc©Œr's? öNä3š/u ûÈõs9 óOè?öx6x© öNä3¯RyƒÎV{ ( ûÈõs9ur ÷LänöxÿŸ2 ¨bÎ) Î1#xtã ÓƒÏt±s9 ÇÐÈ  
“Lan (elinga uga), arikalane Pengeranira kabeh mbiwarakake (kang surasane): “Sayekti kalamun sira kabeh padha syukur, mesthi Ingsun bakal paring tambahan (nikmat) marang sira kabeh, lan kalamun sira kabeh padha ngingkari (nikmat Ingsun), mula satemene siksaningsun iku banget larane.” (QS. Ibrahim [14]:7).
Hadirin Jama’ah Shalat Jum’ah Rahimakumullah,
Wonten satunggalipun riwayat saking Abu Hurairah ra. bilih Rasulullah saw. nate ngendika ingkang suraosipun makaten:
“Satemene, ana wong telu saka Bani Isra’il, yaiku: wong kang lara lepra, wong sirahe bothak, lan wong wuta. Allah Swt. kepengin nguji marang wong telu, mula banjur diutus nemoni marang dheweke sawijine malaikat.
Kawitan, malaikat banjur teka marang wong lara lepra lan takon: “Apa kang sira pengini?.” Dheweke njawab: “Rupa bagus, kulit kang alus, lan lara kang njijikake wong iki ilang saka awakku”. Banjur diusap wong kang lara lepra mau, tumuli ilang larane, diparingi rupa kang bagus lan kulit kang alus. Malaikat tumuli takon maneh marang dheweke: “Banjur kasugihan apa kang mbok senengi?.” Jawabipun: “Unta utawa sapi.” Banjur diwenehi unta siji kang wis meteng lan didongakake: “Muga-muga kanthi unta iki Allah Swt. maringi  berkah marang sira.”
Banjur malaikat nekani marang wong kang nandhang lara sirahe bothak lan takon marang karo dheweke. Apa kang sira kepengini?.” Dheweke banjur njawab: “Rambut kang endah lan ilang saka sirahku lara kang njijiki wong iki.” Tumuli diusap sirahe lan ana ing wektu iku uga ilang larane lan diparingi rupa rambut kang endah. Banjur malaikat takon maneh marang dheweke: “Kasugihan apa kang sira senengi?.” Dheweke njawab: “sapi utawa unta”. Banjur dheweke diparingi sapi siji kang wis meteng lan didongakake: “Muga-muga Allah Swt. ngluberake berkah-E marang sira kanthi sapi iki.
Tumuli malaikat mau nekani wong kang lara wuta lan takon marang dheweke: “Apa kang paling sira kepengini?.” Dheweke njawab: “Muga-muga Allah Swt. mbalekake pandelenganku iki sahingga aku bisa weruh marang wong-wong.” Banjur diusap rahine la ana ing wektu iku uga pandelengane dibalekake dening Allah Swt. bisa weruh marang wong-wong. Malaikat takon maneh marang wong mau: “Banjur kasugihan apa kang mbok senengi?.” Jawabe: “Wedhus.” Banjur dheweke diwenehi wedhus siji kang meteng.
Crita sabanjure, unta, sapi, lan wedhus mau padha manak lan ngrembaka dadi lan sugihe. Sahingga wong kang sepisan nduwe salembah unta, wong kang kapindho nduwe salembah sapi, lang wong kang katelu nduwe salembah wedhus.
Banjur, malaikat teka marang wong kang sadurunge nduwe lara lepra kanthi madhani rupa kaya dheweke lan ngomong: “Aku sawijine wong kang miskin, wis pupus sakabehe dalan mungguhing awakku (anggonku golek rizki) ana sajrone lelunganku, nganti ora bisa nerusake anggonku lelungan ana ing dina iki kajaba antuk pitulungane Allah Swt., kajaba kanthi pitulunganmu. Demi Allah kang maringi rupa kang bagus, kulit kang alus, aku njaluk marang sliramu unta siji wae kanggo nerusake anggonku lelungan.” Nanging dijawab: “Tanggunganku isih akeh.” Malaikat kang memba-memba lara lepra mau mbanjur ngomong marang dheweke: “Kayane aku wis tahu kenal karo kowe.” Apa ta dudu kowe biyen kang lara lepra, wong-wong padha jijik marang kowe, lan uga mlarat, banjur Allah maringi kowe dadi sugih.” Dheweke malah njawab: “ Temen, bandha kang akeh iki hamung anggonku antuk warisan saka mbah-mbahku kang mulya lan dihormati.” Malaikat banjur ngomong: “Lamun omonganmu iki goroh, yekti Allah bakal mbalekake kowe marang kahanan kang kaya biyen”.
Banjur, malaikat nekani marang wong kang sadurunge sirahe bothak kanthi madhani kaya dheweke, lan ngomong kaya kang diomongake marang wong kang lara lepra, banjur ditolak kaya wong kang nduwe lara lepra iku. Mula malaikat kang memba-memba madhani kaya wong mau ngomong: “Lamun omonganmu iku goroh, yekti Allah Swt. bakal mbalekake kowe kaya kahananmu mbiyen”.
Kang pungkasan, malaikat nekani wong kang sadurunge wuta kanthi madhani dheweke uga, lan ngomong marang dheweke: “Aku iki sawijine wong miskin, kentekan sangu ana sajrone anggonku lelungan lan wis ora ana dalan maneh (kanggo golek rizki) kanggo nerusake anggonku lelungan ing dina iki kajaba antuk pitulungane Allah Swt., kajaba antuk pitulunganmu.” Demi Allah kang wis mbalekake pandelenganmu, aku njaluk wedhus siji wae kanggo sangu nerusake anggonku lelungan.” Wong iku njawab: “Temen, aku mbiyen wuta, mbanjur Allah mbalekake pandelenganku. Mula njupuka apa kang mbok senengi lan tinggalna apa kang ora mbok senengi. Dhemi Allah, saiki aku ora arep ngangel-angel kowe kanthi penjalukmu mbalekake kang wis bok jupuk karana Allah.” Malaikat kang madhani wong wuta iku mbanjur ngomong: “Rumaten kasugihanmu iki, jalaran satemene kowe mung diuji dening Allah. Allah wis ridla marang kowe, lan duka marang kancamu kang loro mau.” (HR. Bukhari lan Muslim).
Hadirin Jama’ah Shalat Jum’ah Rahimakumullah,
Nikmat ingkang dipunparingaken dhumateng kita punika kathah sanget lan boten saged kita etang sepinten kathahipun. Kita wajib nyukuri lan ngakeni bilih nikmat kasebat estu-estu saking peparingipun Allah Swt., lan boten jalaran saking pinter lan anggen kita makarya. Manawi kita syukur, pramila Allah Swt. badhe nambahi nikmatipun, nanging manawi ngufuri sangat sakit adzabipun.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms)=-

No comments:

Post a Comment