Thursday, October 9, 2014

RASUL PANUTAN UTAMI

RASUL PANUTAN UTAMI




-=[16]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْدِّيْنِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami ajrih dhumateng ngarsanipun Allah Swt. kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar sedaya pepacuhipun. Sumangga kita sami nggadhahi rumaos bilih sedaya solah bawa saha pangandikan kita tansah dipunpirsani dening Allah Swt. Mugi-mugi kanthi punika gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya ngantos benjang wonten ing akhirat.
Salawat saha salam mugi tansah dipunparingaken Allah Swt. dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad saw., saha para kulawarga, para shahabat, para pendherekipun ingkang sami manut mituhu ndherek dhawuhipun ngantos benjang wonten ing akhirat. Amin yra.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Nnglenggana lan sadhar wontenipun Allah punika mujudaken fitrahing sadaya manungsa. Kangge nyumurupi Allah boten cekap namung pasrah dhumateng kesadharan wontenipun Allah. Manungsa namung saged nyumurupi wontenipun Allah kanthi leres, manawi Allah kepareng hanglilani nyumurupaken lan paring dhawuh lumantar pangandikanipun kangge nerangaken sinten Allah punika. Para Rasul punika ingkang piniji nyumurupaken Allah lan ngajak sadaya manungsa manembah dhumateng Allah lan boten nyekuthokaken dhumateng sanesipun.
Allah Swt. dhawuh:



“Lan sejatine Ingsun wis ngutus Rasul marang saben-saben umat (supaya ngundhangake): “Manembaha sira kabeh marang Allah, lan ngedohana Taghut, mangka ana sadhengah umat iku uwong-uwong kang diwenehi pituduh dening Allah lan ana uga sadhengah uwong-uwong kang wis pesthi kesasar kanggone dheweke. Mula padha mlakuwa sira kabeh ing lumahe bumi lan sawangen kepriye pungkasane wong-wong kang padha nggorohake (para utusan).” (QS. An-Nahl [16]:36).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Niyat tumindak kasaenan ugi sampun dipun-gadhahi sedaya manungsa. Awit saking punika tumindak kasaenan wonten ing Al-Qur’an dipunsebat “makruf”, artosipun salah satunggaling perkawis ingkang sampun dipunsumurupi. Namung caranipun kados pundi tumindak kasaenan punika dipuntindakaken, manungsa taksih mbetahaken pitedah kados pundi caranipun nindakaken.
Sawenehing tiyang ingkang sadhar, bilih wonten Dzat Ingkang Maha Nitahaken lan Maha Kuwaos, badhe saged nggadhahi krenteg manembah dhumateng Allah. Namung kados pundi caranipun manembah, manungsa mbetahaken pitedah, bimbingan, tuladha, saha panutan ingkang baku.
Allah Swt. paring dhawuh:
$tBur ã@ÅöçR tûüÎ=yößJø9$# žwÎ) tûïÎŽÅe³u;ãB z`ƒÍÉZãBur ( ô`yJsù z`tB#uä yxn=ô¹r&ur Ÿxsù ì$öqyz öNÍköŽn=tã Ÿwur öNèd tbqçRtøts ÇÍÑÈ  
“Lan ora nate Ingsun ngutus para Rasul kuwi mung kejaba kanggo maringi khabar kang nyenengake lan maringi pepenget. Sapa wahe kang iman lan agawe bagus, mangka ora ana kuwatir tumrap dheweke lan dheweke (uga) ora bakal susah atine.” (QS. Al-An’am [6]:48).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Inggih para Rasul punika ingkang maringi conto lan tuladha, kados pundi caranipun nindakaken tumindak kasaenan ingkang dipunridloi Allah Swt.. Kados pundi caranipun ngibadah manyembah dhumateng Allah Swt., kedah kados ingkang dipundhawuhaken Allah Swt., lan boten sakersanipun piyambak.
Tiyang saget kemawon damel cara kados pundi caranipun tumindak kasaenan lan ngibadah, namung kemawon mesthi boten badhe dipunridloi Allah Swt., jalaran boten cocok lan sami kaliyan pitedahipun Allah Swt. lan contonipun Rasulullah. Nanging manawi kita kersa nyonto lan manut saha nuladani Rasul anggen kita tumindak kasaenan lan ngibadah, mesthi kemawon badhe dipuntampi lan dipunridloi Allah Swt.. Tanpa dherek dhawuh, bimbingan, lan nuladha Rasul, mesthi boten dipunridloi Allah Swt. Maksudipun badhe tumindak kasaenan lan ngibadah, nanging dipuntolak lan boten dipuntampi malah kepara boten dipunridloi Allah Swt.
Allah Swt. paring dhawuh:


“Sejatine wis ana ing (tindak-tanduke) Rasul-lullah iku (wujude) panutan (patuladhan) kang bagus tumrape sira kabeh (hiya iku) tumrape wong kang ngarep-arep (antuk rahmate) Allah lan (tekane) dina Kiyamat lan dheweke akeh (anggone) nyebut asma Allah.” (QS. Al-Ahzab [33]: 21).
Rasulullah saw. ugi paring dhawuh:
مَنْ عَمِلَ عَمَلاً لَيْسَ عَلَيْهِ اَمْرُنَا فَهُوَ رَدٌّ.
“Sing sapa wong kang nglakoni suwijining perkara kang ora tau tak contoni, mula perkara kuwi mau bakal den tolak.”
وَاِيَّاكُمْ وَمُحْدَثَاتِ اْلأُمُوْرِ فَاِنَّ كُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ.
“Aja nganti sira kabeh padha nganak-nganakake bid’ah lan perkara-perkara kang anyar. Satemene saben-saben perkara kang anyar kuwi bid’ah, lan saben-saben bid’ah kuwi sasar.”
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kados sampun cetha, bilih para Rasul punika satunggaling manungsa piniji ingkang mesthi kedah dipunconto lan dipunidholakaken. Nanging kasunyatanipun, kathah tiyang ingkah langkung kasengsem lan ngidholakaken tokoh-tokoh sanesipun. Punapa malih tiyang ingkang sanget anggenipun remen kadonyan lan ajrih pejah (hubbud dunya wa karahatil maut). Piyambakipun sanget anggenipun nggumuni lan nyonto panggesanganing idholanipun. Wiwit cara wicantenanipun, solah bawa, lan anggenipun ngagem  busana kemawon dipunconto. Manawi kemawon piyambakipun nggadhahi pamanggih manawi niru lan nuladhani Rasul punika dadosaken ketinggalan zaman.
 Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Tumrapipun tiyang ingkang nggadhahi iman, Rasul punika mujudaken panutan lan patuladhan ingkang utami lan dados idhola tumrap panggesanganipun. Wonten ing pribadinipun Rasul punika kathah sanget patuladhan ingkang kedah dipun-nut lan dipunconto. Punika kala wau ingkang kawastanan Sunnah Rasul. Allah swt. dhawuh:
Ï%©!$#ur uä!%y` É-ôÅ_Á9$$Î/ s-£|¹ur ÿ¾ÏmÎ/   y7Í´¯»s9'ré& ãNèd šcqà)­GßJø9$# ÇÌÌÈ  
“Lan pawongan kang nggawa bebener (Muhammad)  lan benerake, hiya iku wong-wong kang wedi (marang Allah).” (QS. Az-Zumar [39]:33).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kanikmatan hakiki punika boten ingkang awujud kenikmatan ing donya. Nanging kanikmatan ingkang badhe kita raosaken manawi panggesangan lan pangibadahan kita namung lelambaran iman lan namung pados ridlanipun Allah Swt.. Caranipun inggih kanthi nyonto lan nuladhani saha manut mituhu dhumateng dhawuhipun Allah Swt. lan Rasul-Ipun. Inggih punika kanthi nggesangaken sadaya sunnah-sunnahipun, insya-Allah kita badhe gesang begja mulya lan kebak barakah wiwit ing ngalam donya punika ngantos benjang wonten ing ngalan akhirat.
بَارَك اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

-=(hms)=-




No comments:

Post a Comment