Thursday, October 9, 2014

TRESNA SEJATI

TRESNA SEJATI




-=[11]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt.. Mugi-mugi kanthi taqwa punika gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing alam donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng panutan kita Nabi Muhammad saw., para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin x3.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Raos tresna punika anugerah peparingipun Allah Swt.. Wujuding raos tresna kaperang dados kalih warni; inggih punika tresna dhumateng kanikmatan donya, ingkang kawastanan hubbusy syahawat lan tresna dhumateng Allah Swt. ingkang kawastanan hubbul iman ingkang sifatipun ukhrawi.
Jama’ah Jum’ah ingkang dipun mulyakaken Allah Swt.
Agami kita Islam boten ngawisi tiyang ingkang nresnani dhumateng wanita, anak-anak, bandha ingkang kathah, lan pangkat utawi jabatan ingkang inggil. Namung kemawon inggih tresna ingkang kanthi lelambaran dhawuhing agami. Al-Qur’an paring pepemut, bilih kenikmatan donya punika sifatipun sawatara, boten abadi, enggal utawi dangu sedaya badhe nilaraken kita utawi kita piyambak ingkang nilaraken. Sedaya kita tilar lan boten badhe kita beta nalika sowan ngarsanipun Allah Swt.
Wondene tresna dhumateng Allah Swt. inggih ingkang kawastanan ugi hubbul iman ingkang sifatipun ukhrawi, manawi saged subur lan ngrembaka mujudaken kenikmatan ingkang langkung utami, jalaran badhe ndadosaken tiyang tebih saking kekafiran, kefasikan, lan kadurakan.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sedaya katresnan kasebat, inggih hubbud dunnya lan hubbul iman sedaya kedah dipunpapanaken wonten ing sangandhapipun tresna dhumateng Allah Swt.. Tresna ingkang ngungkuli tresnanipun dhumateng Allah Swt. mujudaken bencana ageng lan badhe nyengsarakaken tiyang gesang. Islam majibaken dhumateng ummatipun tresna dhumateng Allah Swt. punika dipunpapanaken wonten ing papan ingkang utami lan dados prioritas. Sadaya tiyang saged kemawon lan dipunparengaken nresnani dhumateng sinten lan dhateng punapa kemawon, nanging tresna dhumateng Allah Swt. kedah dados pancadan utaminipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. sanget anggenipun duka dhumateng tiyang ingkang tresnanipun dhumateng samukawis barang utawi tresnanipun dhumateng tiyang ingkang tresnanipun punika ngungkuli tresnanipun dhumateng Allah Swt.. Kados kasebat wonten ing Al-Qur’anul Karim:


“Dhawuha! “Menawa bapa-bapa nira, anak-anak ira, sedulur-sedulur ira, bojo-bojo nira, kaum kerabat ira, bandha-bandha ira, (kabeh mau) isih luwih sira senengi katimbang Allah lan utusan-E (katimbang) jihad ana ing dalan-E, mula entenana nganti Allah nekakake keputusan-E. Lan Allah ora bakal paring pitiduh marang wong-wong fasiq.” (QS. 9 [At-Taubat]: 24).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Nabi Ibrahim as. minangka kawula pantes dados tuladha ingkang paling sae dhumateng kita sedaya anggenipun tresna dhumateng Allah Swt.. Tresnanipun Nabi Ibrahim as. dhumateng Allah Swt. dados prioritas utami. Tresnanipun dhumateng Allah Swt. ngungkul-ungkuli. Sedaya ujian lan pacoben dipunlampahi kanthi sabar, ndadosaken Nabi Ibrahim as. saged lulus lan pikantuk prestasi pacoben kanthi gemilang.
Anuju satunggaling wekdal Nabi Ibrahim as. kadhawuhan milih, milih tresna dhumateng tiyang sepuhipun punapa tresna dhumateng Allah Swt., Nabi Ibrahim as. tresna dhumateng Allah Swt. tinimbang tresnanipun dhumateng tiyang sepuhipun, sanajan inggih awrat raosipun. Nabi Ibrahim as. taksih ndongakaken dhumateng tiyang sepuhipun, lajeng Allah Swt. paring aruh dhumateng Nabi Ibrahim as., sebab tiyang mukmin boten dipunparengaken ndongakaken dhateng tiyang ingkang musyrik. Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’anul karim:


“Lan panyuwunan pangapura saka Ibrahim (marang Gusti Allah) kanggo bapake, iku ora liya mung karana sawijine janji kang wis diikrarake Ibrahim marang bapake. Mula kalamangsane wis dadi cetha tumrap Ibrahim, yen satemene bapake iku musuhe Gusti Allah, mula Ibrahim mbebasake awake saka bapake. Sejatine Ibrahim iku sawijine  (nabi) kang banget lembut atine tur aris.” (QS. 9 [At-Taubah: 114).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. maringi pangalembana dhumateng Nabi Ibrahim as. jalaran tresna lan taatipun dhumateng Allah Swt. linangkung ageng katimbang sanes-sanesipun, dipunlestarekaken Allah Swt. kanthi syare’at kewajiban haji saben-saben tahun tumrap tiyang ingkang saged nyekapi syarat-syaratipun. Malah tumrap tiyang ingkang boten saged nindakaken haji kadhawuhan nindakaken kurban. Pangalembana lan pujian Allah Swt. dhumateng Nabi Ibrahim as. dipunlestantunaken wonten ing Al-Qur’anul Karim surat 37 [Ash-Shaaffat]: ayat 108-111:
$oYø.ts?ur Ïmøn=tã Îû tûï̍ÅzFy$# ÇÊÉÑÈ   íN»n=y #n?tã zOŠÏdºtö/Î) ÇÊÉÒÈ   y7Ï9ºxx. ÌøgwU tûüÏZÅ¡ósßJø9$# ÇÊÊÉÈ   ¼çm¯RÎ) ô`ÏB $tRÏŠ$t6Ïã šúüÏZÏB÷sßJø9$# ÇÊÊÊÈ  
“Lan Ingsun langgengake (pangalembana bagus) marang Ibrahim ana ing umat-umat kang akhir [108], (hiya) iku “Kaselametan iku (muga) tetep kaparingake marang Ibrahim”. [109], Kaya mangkono iku Ingsun paring piwales marang wong-wong kang padha tumindak bagus. [110], sejatine dheweke (Ibrahim) iku kalebu kawula-kawulaningsun kang padha iman.” [111].
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Makaten ingkang kawastanan tresna sejati. Tresnanipun tiyang dhumateng Gusti Allah Swt. ngungkuli tresnanipun dhumateng sanes-sanesipun. Mugi-mugi kita saged mujudaken tresna ingkang sejati. Tresna kita dhumateng anak lan bojo, dhumateng bandha, dhumateng pangkat lan jabatan dhumawah kantun lan dipunutamekaken tresna kita dhumateng Allah Swt.
Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan wilujeng, ayem, lan tentrem wiwit ing donya ngantos bejang wonten ing akhirat. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

-=(hms)=-


No comments:

Post a Comment