Thursday, October 9, 2014

Khutbah Idul Adha : NYUKURI NIKMATIPUN ALLAH SWT.




-=[33]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
اللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَهِ الْحَمْدُ.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang Nguwaosi sadaya alam, Dzat ingkang Maha Jembar Welasipun dhumateng tiyang Mukmin saha ingkang Maha Asih dhumateng sadaya makhluk.
Kula nyekseni bilih boten wonten Pangeran ingkang wajib kula sembah namung Allah piyambak, lan kula nyekseni bilih Muhammad saw. punika dados nabi lan Utusanipun.
Shalawat lan salam mugi-mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, tabi’in, tabi’it tabi’in, lan sadaya tiyang ingkang tansah mituhu dhumateng panjenganipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,
Wonten ing enjang ingkang endah punika, sumangga kita ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt., ingkang sampun maringi kekiyatan dhumateng kita saged tindak dhateng lapangan punika kangge mbuktekaken raos tresna kita dhumateng Rasulullah saw. lan mbuktekaken bekti kita dhumateng Allah Swt. kanthi nindakaken shalat Idul Adha.
Kita wajib ngaturaken syukur dhumateng Allah Swt. jalaran sakiwa tengen kathah kita priksani kanthi cetha tiyang sangsaya ingkar lan kufuripun dhumateng nikmat paringipun Allah Swt. Tiyang-tiyang miskin sami sambat, jalaran kabetahan pokok sami mindhak reginipun, putra-putranipun mandheg anggenipun sinau wonten ing pawiyatan jalaran boten kiyat ragatipun. Ingkang sugih sambat, jalaran badhe nagih utang rekaos, manawi dipuntagih gegayutan utangipun malah ngajak pasulayan. Para pangemban pangembating praja sami boten saged dipuntuladha, tumindakipun sawiyah-wiyah, korupsi, lan boten sakedhik ingkang sami selingkuh. Sawatawis para petani sambat gagal boten saged panen, jalaran tanemanipun dipunama kewan lan regi rabuk sangsaya awis. Kenakalan remaja sangsaya dadra lan malah ugi tiyang ingkang sampun emah-emah sami broken home, jalaran keliru anggenipun pados kanca, lan keliru anggenipun ngginakaken sarana informasi lan komunikasi ingkang sumadya.  
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,
Kasunyatanipun kita kathah ingkang sami kliru, boten pinter syukur nanging wontenipun namung kufur dhumateng nikmat peparingipun Allah Swt.. Pramila Allah Swt. paring piwucal dhumateng kita amrih boten sambat lan kufur. Awit saking punika kita dipundhawuhi supados nindakaken shalat kanthi leres lan sampurna kados ingkang dipuntindakaken Rasulullah saw., nertibaken zakat, infak lan shadaqah, nambahi iman lan ajrih dhumateng adzabipun Allah Swt. Kados dhawuhipun Allah Swt.:

“Mula saka iku, padha elinga sira kabeh marang Ingsun mesthi Ingsun (uga) eling marang sira kabeh, lan padha syukura sira kabeh marang Ingsun, lan sira aja padha ngufuri (nikmat) Ingsun.” (QS. Al-Baqarah [2]:152).
Salah satunggalipun tandha kita syukur dhumateng Allah Swt. , pramila kita kedah rumaos pikantuk nikmatipun Allah Swt., lan rumaos nikmat punika saking Allah Swt. lan boten amargi saking anggen kita nyambut damel. Rumaos pikantuk nikmat kathah lajeng boten eman-eman nindakaken kurban. Kurban kanthi mragat kewan kurban; kados ta menda, mesa utawi  lembu, lajeng dagingipun dipun-aturaken dhumateng tiyang ingkang nggadhahi hak nampi daging kurban.   
Allah Swt. dhawuh:

“Satemene Ingsun wus maringake marang sira nikmat kang akeh. Mula shalata sira karana Pangeranira lan gaweya kurban.” (QS. Al-Kautsar [108]:1-2).
Rasulullah saw. dhawuh:
مَنْ وَجَدَ سَعَةً وَلَمْ يُضَحِّ فَلاَ يَقْرَبَنَّ مُصَلاَّنَا. (رواه احمد وابن ماجه).
“Sapa wonge kang rumangsa kuwasa bisa kurban, nanging wegah nindakake kurban, mula aja cedhak-cedhak panggonanku ngibadah shalat.” (HR. Ahmad lan Ibnu Hibban).
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,
Wekdal kangge nindakaken kurban taksih wonten, inggih punika wonten dinten-dinten Tasyriq, tanggal 11, 12, lan 13 Dzulhijjah. Sumangga kita ginakaken wekdal punika, lan manawi boten saged wekdal samangke, inggih kita kedah hanggadhahi angen-angen ingkang gumathok bilih tahun ingkang badhe dumugi kita kedah jangka saged nindakaken kurban. Supados kita kelebet ewoning tiyang ingkang pinter syukur lan boten dipunusir saking papan pangibadahan punika, jalaran wonten kasempatan kurban nanging wegah, lan boten nindakaken kurban. Na’udzu billahi min dzalik.
Nuladhani lan nyamektakaken putra ingkang shalih sadrajat kaliyan Isma’il as. pancen boten gampil, nanging kados-kados saben-saben tiyang nggadhahi angen-angen supados putranipun punika dados lare ingkang shalih, boten dados repotipun sanak lan tangga. Allah Swt. dhawuh:


“Mula rikala bocah iku wis tumeka (umur) bisa mlaku bebarengan Ibrahim, Ibrahim ngendika: “He putraningsun, ngger, satemene ingsun nyumpena sajrone sare, menawa ingsun nyembelih marang sira?. Mula coba pikiren kepriye mungguh panemumu?. Kang putra matur: “Dhuh rama, rama kula aturi nindakaken penapa ingkang dipundhawuhaken dhumateng panjenengan; insya Allah panjenengan badhe manggihaken ingkang putra kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar.” (QS. Ash-Shaaffat [37]:102).
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,
Minangka tandha syukur kita dhumateng Allah Swt. bilih putra kita punika minangka gantilaning manah, pramila sumangga kita gatosaken anggenipun sinau, kita kedah boten angger kemawon madosaken papan pawiyatan kangge putra-putri kita. Sampun ngantos kita pasrahaken lare kita dhumateng pawiyatan ingkang ing mriku boten dipunwucal agami Islam, jalaran badhe kapitunan tembe pungkasanipun. Kita kedah maringi sangu kangge putra kita kanthi agami ingkang kiyat lan akhlaq ingkang mulya. Lan sampun ngantos rumaos bombong manah kita manawi saged nyekolahaken putra kita wonten ing pawiyatan ingkang boten cocok kaliyan agami kita.
Boten kedah dhateng madrasah diniyyah, nanging saumpami wonten ing pawiyatan ingkang kirang piwucal agami, pramila kita kedah maringi tambahan piwucal agami. Wonten ing madrasah kemawon, saumpami wonten ing MI, MTs, MA raosipun inggih kirang sampurna sanajan sampun cekap piwucal agaminpun. Jalaran wonten ing madrasah kasebat piwucal agami namung 05 Mata Pelajaran (MP) saben-saben minggunipun, inggih punika: Qur’an-Hadits, Aqidah-Akhlaq, Fiqh, Bahasa Arab, lan SKI. Jumlah jam pelajaranipun 400 jam pelajaran. Manawi alokasi wekdal  1 jam pelajaran = 40 menit, pramila sinau wonten ing madrasah salami 3 tahun kirang langkung namung 40 dinten. Pramila pancen kirang wekdalipun sinau agami manawi boten katambah sinau agami wonten ing wekdal sanes. Etangan wekdal kasebat saged dipunaturaken  makaten:
Sinau agami ing Madrasah Tsanawiyah (MTs), umpaminipun:
1 minggu         = 5 x 2 x 40 menit                  = 400 menit,
1 wulan           = 4 x 400 menit                       = 1.600 menit,
1 tahun                        = 12 x 1.600 menit                  = 19.200 menit,
3 tahun                        = 3 x 19.200 menit                  = 57.600 menit,
57.600 menit   = 960 jam                                = 40 dinten.
Pramila saged kula aturaken bilih lare sinau wonten ing madrasah salebetipun 3 (tigang) tahun, namung 40 dinten. Punika dereng manawi libur ndadak utawi dwijanipun izin, utawi malah larenipun boten mlebet sekolah.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,
Awit saking punika sumangga kita gatosaken ingkang saestu piwucal agami tumrap putra-putri kita amrih boten kapitunan tembe wingkingipun. Kita pados papan pawiyatan ingkang jumbuh kaliyan kudangan kita, lan pados ustadz ingkang wira’i. Kita jangka supados putra-putri kita nggadhahi akhlak ingkang mulya (akhlaqul karimah), nggadhahi karakter kados Isma’il as. ingkang kagungan sifat sabar, iman lan takwanipun kiyat. Minangka andhil kita hambangun bangsa lan nagari. Mugi-mugi Allah Swt. tansah maringi dhumateng kita margi ingkang leres, inggih margi ingkang dipunridlai dening Allah Swt..
Ing wasana sumangga kita pungkasi khutbah punika kanthi donga dhumateng ngarsanipun Allah Ta’ala, lan mugi-mugi kasembadan donga panyuwunan kita. Amin, amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ مُجِبَاتِ رَحْمَتِكَ, وَعَزَائِمَ مَغِفِرَتِكَ, وَسَلاَمَةَ مِنْ كُلِّ إِثْمٍ, وَالْغَنِيْمَةَ مِنْ كُلِّ بِرٍّ, وَالْفَوْزَ بِالْجَنَّةِ, وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّأرِ.
اَلَّلهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ.
اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً, إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا.
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ.
رَبّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ, وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ, وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms)=-


No comments:

Post a Comment