Khutbah Idul Fitri

NUJU MARANG KASUCINING JIWA



-=[32]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
اللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَهِ الْحَمْدُ.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,
Wonten ing enjang ingkang endah punika, sumangga kita ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt., ingkang sampun maringi kekiyatan dhumateng kita saged ngrampungaken ngibadah siyam Ramadlan satunggal wulan muput wonten ing tahun punika. Kita ugi ngaturaken syukur, jalaran kita dipunkanthi dening Allah Swt. saged tindak dhateng lapangan punika kangge mbuktekaken raos tresna kita dhumateng Rasulullah saw. lan mbuktekaken bekti kita dhumateng Allah Swt. ingkang ngendhaleni jiwa lan raga kita.
Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, tabi’in, tabi’it tabi’in, lan para tiyang ingkang tansah mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,
Satunggal wulan laminipun kita nglampahi siyam, sampun mesthi kemawon anggen kita nindakaken siyam mbudi-daya amrih siyam saged kita tindakaken kanthi ikhlash lan ngajeng-ajeng pikantuk ridlonipun Allah Swt. , saged ngobong sadaya dosa-dosa kita, jalaran Ramadlan piyambak tegesipun ngobong utawi mbesmi. Kados dhawuh pangandikanipun Rasulullah saw.:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ اِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ ماَ تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ.
“Sapa wonge kang pasa ing wulan Ramadlan kanthi lambaran iman lan ngarep-arep ridlane Allah Swt., mula bakal dingapura dosa-dosane sing wis kapungkur.” (HR. Ashhabus Sunan).
Mugi-mugi dosa-dosa kita dipunparingi pangapunten dening Allah Ta’ala, kalebet dosa-dosa kita dhumateng sasami ngagesang.
Ma’syiral Muslimin Rahimakumullah,
Dipunsadhari utawi boten dipunsadhari kita salebetipun satunggal wulan dipun-gembleng dening Allah Swt. ngendhaleni nafsu kita; ngedhaleni nafsu dhahar, nafsu ngunjuk, nafsu biologis, lan sadaya nafsu pangridhunipun setan. Kados ingkang kita mangertosi bilih nafsu punika tansah ngajak dhumateng tumindak dosa hangkara murka, kajawi tiyang ingkang pikantuk rahmatipun Allah Swt.  Kados dhawuhipun Allah Swt.:

“Lan Ingsun ora ngumbarake awak Ingsun (saka kesalahan), jalaran satemene nepsu iku tansah ngajak marang duraka, kejaba nepsu kang kaparingan rahmat dening Pengeran ingsun. Sejatine Pengeran ingsun iku Maha Mangapura tur Maha Welas.” (QS. Yusuf [12]:53).
اللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَهِ الْحَمْدُ.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,
Para ahli jiwa ngendikakaken bilih manungsa punika nggadhahi fitrah,  antawisipun inggih punika:
1.      Fitrah beragama (Ngrasuk Agami). Miturut katerangan Al-Qur’an bilih manungsa punika nggadhahi fitrah beragama. Nalika manungsa punika taksih wonten ing alam roh, manungsa nate ngawontenaken prajanji kaliyan Allah Swt. kados dhawuhipun:



“Apa ta Ingsun iki dudu Pangeranira?”. Dheweke padha mangsuli: “Leres, Panjenengan Pangeran kawula, kawula dados seksi.” (QS. Al-A’raaf [7]:172).

Miturut  Prof. Dr. C.G. Toung (ahli ilmu jiwa), ngendikakaken bilih fitrah keagamaan manungsa punika sampun dipunbekta awit nalika manungsa lahir ingkang dipunparingaken dening alam, lan dipunsebat “Naturaliter religiosa”. Nanging jalaran sifatipun manungsa kathah supenipun lajeng kasepakatan punika lajeng supe. Pramila lajeng Allah Swt. ngutus para Nabi lan Rasul ingkang supados ngemutaken para manungsa amrih tetep dados tiyang ingkang sae lan inggil martabatipun. Kanthi siyam tiyang saged ngutamekaken dhawuhipun Allah Swt. katimbang dhawuh sanesipun. Katitik sanajan nggadhahi raos luwe lan ngelak piyambakipun boten purun dhahar utawi ngunjuk, jalaran kepengin taat mituhu dhumateng dhawuhipun Allah Swt.
Allah Swt. dhawuh:


“… diwajibake marang sira kabeh ngelakoni pasa.. .” (QS. Al-Baqarah [2]:183).

2.      Fitrah sosial. Manungsa punika kalebet satunggalipun makhluk sosial. Allah swt. dhawuh: 



“Manungsa iku ummat kang siji.” (QS. Al-Baqarah [2]:213).

Para ahli kemasyarakatan ngendikakaken: “MAN IS BORN BY SOCIAL BEING” (manungsa iku dilahirake minangka dadi makhluk sosial). Gesang wonten ing masyarakat kedah dipunlambari kanthi lambaran katresnan lan tulung-tinulung. Wonten ing salebetipun wulan Ramadlan kadhawuhan ngathah-ngathahaken sadaqah lan infaq. Kanthi punika, pramila siyam Ramadlan saged mangsulaken tiyang gesang bermasyarakat kanthi lambaran katresnan lan tulung tinulung.

3.      Fitrah bersusila. Saben-saben tumindak lan pangucapipun manungsa nggadhahi nilai. Benten kaliyan kewan, ingkang boten wonten nilainipun sadaya tingkah-lakunipun. Awit saking punika Rasulullah saw. dhawuh bilih panjenengnipun dipunutus Allah Swt. supados nyempuranakaken akhlak.
اِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْاَخْلاَقِ.
“Ingsun diutus ora ana liya kajaba didhawuhi nyempurnakake akhlak kang mulya.”

Salebetipun siyam Ramadlan budi pekerti punika kedah dipunjagi ingkang saestu.  Kanthi siyam estu-estu ndhidhik tiyang supados nggadhahi budi pakerti ingkang sae. Pramila siyam badhe saged mangsulaken manungsa dhateng fitrahipun minangka makhluk bersusila.

4.      Fitrah minangka makhluk bermartabat ingkang inggil. Allah swt. Dzat ingkang Maha Nyipta kanthi cetha lan tegas ngendika bilih manungsa punika:
 4.1. Makhluk ingkang langkung sae tinimbang makhluk sanesipun.



“Satemene Ingsun wus nitahake manungsa kanthi wangun kang saapik-apike.” (QS. At-Tiin [95]:4).
4.2. Makhluk ingkang paling dipuntresnani.


“Apa ta sira kabeh ora padha migatekake yen satemene Allah wis nglulutake kanggo (kaperluwan) ira kabeh apa kang ana ing langit lan apa kang ana ing bumi.. .” (QS. Luqman [31]:20).

Kanthi siyam saged ngendhaleni nafsu; nafsu nedha, nginum, nafsu birahi, lan nafsu-nafsu sanesipun  ingkang kedah dipunkendhaleni salebetipun nindakaken siyam. Pramila siyam saged mangsulaken manungsa dhumateng martabat ingkang langkung inggil katimbang makhluk-makhluk sanesipun.

5.      Fitrah suci. Miturut ajaran syari’at Islam, bilih manungsa punika dipunlahiraken kanthi kawontenan suci. Piyambakipun reged, jalaran dosa ingkang dipuntindakaken, lan kanthi dosa punika ingkang saged ngregedi jiwanipun manungsa. Allah Swt. dhawuh:


“Babar pisan ora (kaya mengkono), sabenere apa kang tansah padha dilakoni iku  nutupi marang atine dheweke kabeh.” (QS. Al-Muthaffifiin [83]:14).
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,
Ngulinakaken gesang kanthi fitri ingkang suci punika gesang ingkang dipunkersakaken dening Allah Swt., lan Allah Swt. boten badhe nampi dhumateng kawulanipun ingkang reged jalaran dosa ingkang dipunsandhang. Kados dhawuh pangandikanipun Allah Swt.:


“Kajaba wong-wong kang sowan ana ngarsane Allah kanthi ati kang resik.” (QS. Asy-Syu’araa [26]:89).

Allah Swt. dhawuh wonten ing ayat sanes:

“Satemene wong-wong kang nyandhang dosa iku langgeng siksane ana ing neraka Jahannam.” (QS. Az-Zukhruf [43]:74).

Kanthi siyam Ramadlan ingkang nembe kemawon kita tindakaken mujudaken sarana kita kangge nyucekaken lan mangsulaken jiwa kita ingkang suci. Inggih punika; fitrah beragama, fitrah sosial, fitrah bersusila, fitrah minangka makhluk bermatabat ingkang inggil, lan fitrah suci.
اللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَهِ الْحَمْدُ.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,
Awit saking punika dinten punika kawastanan “ ‘IDUL FITRI” dinten wangsul dhateng kasucen. Lan inggih wonten ing wekdal punika, pramila manawi kita pinanggih kaliyan kanca-kanca lajeng ngaturaken:
مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ.
“Muga-muga sira kalebu perangane wong kang bali marang fitri.”
Ing wasana sumangga kanthi manah ingkang ikhlash kita ndonga nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Allah Swt. mugi-mugi kita kalebet ewonipun tiyang ingkang fitri, lan dipunparingi saged pinaggih wulan Ramadlan wonten ing tahun ingkang badhe dhateng kanthi umur ingkang barakah. Amin, amin Yaa Rabbal ‘Alamin.                   
ÉOó¡Î0 «!$# Ç`»uH÷q§9$# ÉOŠÏm§9$#
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ مُجِبَاتِ رَحْمَتِكَ, وَعَزَائِمَ مَغِفِرَتِكَ, وَسَلاَمَةَ مِنْ كُلِّ إِثْمٍ, وَالْغَنِيْمَةَ مِنْ كُلِّ بِرٍّ, وَالْفَوْزَ بِالْجَنَّةِ, وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّأرِ.
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقّاً وَارْزُنَا التِّبَاعَهُ, وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَطِلاً وَالرُّقْنا اجْتِنَابَهُ.
 اَلَّلهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً, إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا.
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ.
رَبّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ, وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ, وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms)=-

No comments:

Post a Comment